Kakawen
Saur NiraSaur nira tan ana panjang,
Sininggih sabda uninga
Saur nira tan ana panjang
Sininggih sabda uninga
Wala bakti dening asih, ya dening asih
Wong asih ora ketara.
Betet Ijo
Betet ijo, kepondang ulese kuning
Abang matuk kedawung, sandang rawit
Puter gulune, ya lurik lurik
Dada nira kinawungan, ya kinawungan
Kadi bocah mawi kalung.
Sri Tinom
Sri tinon pasewakan, busana maneka warna
Kebak puspiteng udiana, miang hanjrah sarwa rukma
Renggeng manik narawata, narawata
Narawung kang ajuwala, ajuwala.
Lilir-lilir
Lilir ya merbangun, lilir ya merbangun
Kaget denira ngimpen sare,
Sarene angin salenyap
Sewala salin busana, salin busana.
Gedong Duwur
Gedong duwur kari samur
Pagulingan sepi tingtrim
Pepetean sami murag
Balingbing lan jeruk manis.
Gunung kelir
Gunung kelir gusti aling-aling
Wong ngawayang, ki dalang inuting wayang
Wayang manut maring dalang, ya maring dalang
Kilire hayun sabita, hayun sabita.
Danawa
Agengnya lir saprabata,
Abang kalawagar manguwuh ing musuh
Aminta lawan anggrosur,
Singa nabam kadya wus nubruka.
Semar
Semar-semar yang gegelar
Wayang agung sumalindung
Semar-semar ya gegelar
Semar sana danar guling.
Semar-semar ya winangnong
Semar kuncung pakuning alam
Semar-semar ya gegelar
Wayang agung sumalindung.
0 komentar
Post a Comment